Rabu, 09 November 2016

Danau Situ Elok dan Sejarah Desa Pernasidi

 Tempat wisata di pernasidi ini sekarang sudah semakin terkenal.Dahulu danau situ ini sangatlah lebar.Namun sekarang hanya agak sempit.Tempat ini merupakan rekreasi keluarga.Rekreasinya yaitu ada bebek genjot,pemancingan.Baru kemaren belum lama bupati banyumas telah berkunjung ke danau situ pernasidi.ngomong ngomong pernasidi,ada sejarahnya nih dalam bentuk bahasa jawa ngapak.
Babad PernasidiGanu dicritakna salah siji proyek pembangunan ana kendala sing abot lan angel dilanjutna.Nggone neng sebelah Danau(siki jenenge situ elok) sing angel nggo digaringna kanggo pondasi gili.Ana sayembara GG Deandells liwat juru bicarane arep ngewehi hadiah gede kanggo sapa bae sing mampu mbendung utawa garingna pondasi sing kuat neng wilayah kie.
Karo kondisi masyarakate sing sengsara,pada ngarepna hadiah sayembara kuwe.Tapi akeh wong sing pada gagal,bahkan ana wong sing mriang lan nrima sengsara maning sing dawa.Akeh teknik sing ditokna bahkan akeh peserta sing pada gelut,kanggo nerimah hadiah sayembara kuwe.Para peserta siji per siji pada balik maring daerah asale.Neng salah siji panggonan,urip  wong jenenge Rogo Jati sing merupakan turunan sekang tokoh terkenal neng banjarnegara.Kaki  Tameng due anak 2 yaiku kaki pona lan kaki pernasidi.Sepeninggal kaki tameng keloro anake tetep urip lan berkeluarga neng wilayah danau.Uripe keloro tokoh kuwe cukup sederhana,uripe adoh sekang kota.Krungu deandells selalu gagal ngerjakna proyek dalan,maka langkah sing mantep lan gagah wani,Kaki Pernasidi melu sayembara kuwe.Kaki Pernasidi labuh mulai ngerjakna proyek.Kaki Pernasidi nata rapi pondasi sing kokoh kanggo damparan gili sing arep dibangun.Akeh sing nonoton,selama kie urung ana sing dadi mbendung lan garingna lemah.Neng pertengahan penggarapan,Deandells krungu.Deandells bangeting bungah krungu kabar kuwe.Deandells ndeleng langsung pondasi sing digawe kaki Pernasidi.Tanpa piker dawa Deandells gawe keputusan sesuai janjine kanggo ngeweih hadiah sing gede.Gutullah kabar apik kuwe maring Kaki Pernasidi sing ngrampungna bangunan kuwe.Gutul proyeke bubar,Kaki Pernasidi bareng kakange Kaki Pona ketemu GG Deandells sesuai undangan liwat juru bicarane.Gutule neng markas,Deandells langsung nyambut lan nyuguhi panganan sing larang sing urung tau dipangan neng Kaki Pernasidi.Bubar madang,Deandells nawarna Kaki Pernasidi arep jaluk hadiah apa?duit,emas apa jabatan?.Tapi langka sijipun sing dewehi Deandells ditrima Kaki Pernasidi.Kaki Pernasidi ngomong “Aku ra kepengin dunya lan pangkat”,Deandells langsung kaget.Danau Situ Elok dan Sejarah Desa Pernasidi
Segutule neng panggonan Kaki Pernasidi,Deandells nganakna upacara cilik.Deandells ngomong”para penduduk,para pekerja,lan para anak buahku sekalian.Neng wilayah kie jebule ana  wong gedhe sing ora katon sedina-dinane tentang kehebatane,ialah Kaki Pernasidi sing sanggup ngrampungna pondasi bangunan gili kie,maka panggonan desa kie aku jenengi “PERNASIDI” ``. Para pekerja pada sorak sorai ngluapna kebungahane.Pujian pada teka maring Kaki Pernasidi.Nganti siki desa kie dikenal jenenge desa Pernasidi sing duwe grumbul yaiku,Duku Pona dijiot sekang jeneng Kaki Pona,Grumbul karang semanding,Grumbul Kuta Merta,Grumbul Pondok Pring. Danau Situ Elok dan Sejarah Desa Pernasidi
Danau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa PernasidiDanau Situ Elok dan Sejarah Desa Pernasidi
 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar